Selamat Datang di MY NICE BLOG --- Welcome to MY NICE BLOG --- Selamat Datang di MY NICE BLOG --- Welcome to MY NICE BLOG --- Selamat Datang di MY NICE BLOG --- Welcome to MY NICE BLOG

Kamis, 15 Januari 2015

Cerpen Bahasa Jawa


“Malin Kundang”

Sawijining dina, ing desa wilayah Sumatera Kulon, urip kulawarga ora duwé (mlarat), bapaké Malin budhal nggolék gawéan ing negara liya numpak perau nyebrang segara. Malin iku bocah sing pinter nanging rodo mbeling. Sawijining dina, nalika Malin nguber pitik, dhéwéké kesandung watu lan lengen kanane catu keno watu. Catu ono lengene ora biso ilang. Amargo rasa welas karo Ibuné, Malin nekat lunga adoh supaya mengkeh bisa sugih yèn uwis balik maneh ing desane. Mulane ibune Malin ora setuju, nanging Malin pancet ngengkel akhire Ibune marengake Malin lungo adoh nunut perahu saudagar. Malin Kundang mempeng sinau ilmu pelayaran ing wong sing duwe pengalaman akeh.
Ing tengah segara, dumadakan prahu sing ditumpangi Malin Kundang dikroyok perompak. Kabeh dagangane duwekane saudagar dijaluk karo perompak lan akeh wong sing dipateni malah nanging Malin Kundang kabekjan amarga ndelik ing njero kamar cilik sing ketutup kayu banjur pungkasane prahu sing ditumpangi nyanggrok ono ing sakwijining pulo.
Maling Kundang mlaku tumuju ning deso sing cedhak karo pinggire segara. Deso iku klebu deso sing makmur. Amargo ulet lan temenan anggone nyambut gawe, Malin kasil dadi wong sugeh. Dheweke duwe parahu dagang lan rewag sing akeh. Sakwise dadi sugih, Malin Kundang nglamar wanodyo supayo dadi bojone. Pawartos Malin Kundang dadi wong sugih uwis nganti tekan talingan ibune Malin. Ibune Malin rumaos bersyukur lan remen banget amargo putrane uwis kasil.
Malin lan sisihane budhal numpak prahu karo anak ugo akeh wong-wong ngisorane sing melu njogo. Ibu Malin sing pirso ono prahu teko ono dermaga mirsani uwong loro ngadeg ono dhuwure gladak prahu. Piyambake percados yen wong sing ngadeg kuwi sejatine putrane, Malin Kundang karo bojone. Ibu Malin Kundang tindak nyedeg prahu lan pirso ono wekas catu ing lengen kanan wong iku, mulo ibune tambah percoyo yen iku Malin Kundang banjur ngarangkul Malin nanging ndelok wong wadon tuwo sing agemane lungset lan reged ngrangkul dheweke. Malin Kundang nesu sing sak temene dheweke wis ngrumangsani yen iku ibune, nanging dheweke rumongso isin yen kabeh weruh. Jalaran nompo tumindak olo soko putrane iku, ibu Malin Kundang dadi duko yayah sinipi. Piyambake ora ngiro yen Malin anak durhaka amargo banget lehe duko, ibu Malin ngendikan lan bersumpah kanggo putrane. Sawatara wektu iku awaké Malin dadi kaku banjur awujud watu karang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar